Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/170

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Kembang asli Jawa Tengah kang suci
Ngancani jiwa kang sepi
Kang kaaniayan ing tanah rantau iki
Ati iki sepi, adoh marang sliramu
Aku ngenténi ing garbaning tresna apa kowé ora ngerténi?
Ati kang nandhang kasmaran
Marang kowé kanthil suci sing tak tresnani
Kanthil suci
Sudiya tak tekani wengi iki
Aku ora bakal mblénjani janji suci sing tak ucapaké kala wingi
Nalika wengi nalika kowé lan aku dadi siji bebarengan sak
rangkulan


215. Panggurit: Tahan Uji 00000403

Tanah Kelairan

Ing mriki siro dilairaké
Ing mriki siro digedhékakée
Diwulang diupakara
Babagan bener lan ala
Jawa Tengah
Kathah budayanipun
Budaya !uhur lan wicaksana
Indonésia Jawa Tengah
Jawa Tengah
Bahasa Jawa bahasamu
Krama inggil utamamu
Ruh Jawi Jawa Tengah
 Jawa Tengah
Jiwa ragaku tanah air
Tanah air indonésia
Seneng budaya Jawa Tengah

148