Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/168

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


212. Panggurit: Hafidlotul R. 00000390

Ajar Tresna Jateng

Tresna iku duginé ora tamtu
Saking nétra mudhun ing ati
Ora mung ning ati
Nanging, kudu ana tindhakané
 Jateng butuh pangertén
 Kanggo ngresiki
 Kanggo ngrawat
lan kanggo ngemong
Tresna karo manungsa iku gampang
Ora butuh diajari
Nanging tresna karo lingkungan
Kudu diajari
Kudu dikandhani
Kudu dituntun
 sumangga,
 kita geraken tresna marang Jateng
Jateng iku sugih
Akèh budaya kudu diuri-uri
Mboten wonten alesan
Ora tresna kalih Jateng


213. Panggurit: Diah Rahmawati 09000398

Bédhané Mahasiswa lan Dosén

Mahasiswa lan dosén
Padha-padha manungsa
Ya mesthiné......
Nanging,

146