Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/167

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Nanging duwé rasa lan tresna
Kanyata ing jagaté wong Jawa
Pemudha .....dhodogen atimu supaya kowé ora wegah tiru-tiru
Junjungaken bahasa Jawa ana ing negerimu
Sambut katresnan bahasa Jawa ana jiwamu
Jawa Tengah tansah setya, lan tresna ing jiwamu.


211. Panggurit: Vivi S. 00000397


Tresnaku Jawa Tengah

Langit kang gumebyar
Merga bledhég kang gumelar
Tumiyupé angin nunjem-nunjem dom
Sadawané wengi

Gawé ajrihing ati iki
Nanging.....
Lemah kang subur
Wit-witan linuhur
Lan kali kang jarang mbanjiri
Nandakaké pantes diuri-uri
Kawasan kang resik
Nanging sugih karya tangan
Kang durung kober diragati
Nanging sugih basa lan budaya
Ora kalah karo provinsi liya
Tresnaku
Mung marang Jawa Tengah
Kang dadi papan urip lan patiku

145