Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/166

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Kabéh budaya wis tak ngerténi
Ing Jawa Tengah kéné
Nggawé wong padha seneng
Seneng marang kaéndahan
Seneng marang katentreman tanah Jawi
Saben wengi lampu dalan murup éndah
Mbarengi lagu dalanan kang nentremaké ati
Keraméhané wong mbuyaraké kesepian
Kabéh kétok ayem lan seneng
Jawa Tengah .......
Bakal takjaga
Bakal takreksa kaéndahanmu
Bakal tak lestarikaké kabudayanmu
Bumi Jawa Tengaku....


210. Panggurit: Yayah Junayah 00000340


Jagadé Wong Désa

Nalika ing papan panggonan tansah tinemu prastawa nggengiris
Nalika iki terenyuh kepéngén ngerténi
Sing tanpa diduga nekakaké prahara
Saengga musnahaké samubarang kangana
 Ati angluh jeroning nyipati kahanan iki
 Nanging nalika nyong nyawang ing sakiwa tengenku
 Akéhing sesawangan apepaés semu nanging nyakiti
Sajaké padha keblinger ing bebasaku
Bahasa ngapak diibaratna wong désa
Rembaka bahasa asing kang merdéka
Bahasa Jawa kang katresna
Saé ing panggonan Jawa Tengah kang tresna
 Nyong wong désa
 Gak duwé bandha lan rupa

144