Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/165

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


208. Pangeurit: Ani Nurroyhana Zulfa 00000338

“Ana Apa ing Jawa Tengah”

Akeh banget kaéndahan kang karasakna ing Jawa Tengah
Akeh kautaman budaya kang bisa diugemi
Akeh kabudayan kang dadi unggulané Jawa Tengah
Kabudayan kang werna-werna kang katon wah.
Uga ana papan panggonan kang éndah
Papan panggonan iku warisan leluhur
Papan panggonan wisata kudu dilestarikaké
Papan panggonan iku macemé akéh
ing Jawa Tengah uga duwéni
Solah bawa kang tumata
Unggah ungguh kanti prasaja
Anané sandhang pangan kang bisa nyukupi
Masyarakat kang padha seneng nyengkuyung
Bisa awéh tentrem marang sapadha
Kabudayan kang manéka warni
Aku dadékaké tresnaku marang Jawa Tengah


209. Panggurit: Chindy Putri A. 00000350

Bumi Jawa Tengah

Ing kéné aku dilairaké
Ing kéné aku digedhékaké
Ing tanah ingkang subur
Ing tanah ingkang makmur
Ing Jawa Tengah kéné
Susah lan seneng tak lakoni
Kabéh ngelmu wis tak pelajari

Kabéh.....

143