Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/164

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Maujud stira kang nyata
Amemangun rasa gemah ripah !oh jinawi
Kalebu ing njero ati
Udar ing dalané getih
 Nglaju terus kanti kelakon
Ing dalan kang kebak
Gilar-gilar lampu kalawan polusi
Nyesek raga, udar ing hawa
 Nglaju terus kanti kelakon
Nembus deresé mobil
Balapan kare motor lan wektu
Ngemati cahya kang gumantung
Ilang ing saklébaté mendhung
 Ngaju terus kanti kelakon
Ing tengahé dalan
Sumurup lampu kutha
Kang kaubeng gunung gumilar
Kabel-kabel listrik
Bisingé knalpot
Raméné angkringan
Kebulé rokok
 Ati kemropok, mbrebes mili...
  Jawaku dudu batik
  Jawaku dudu jarik
  Jawaku dudu iket blangkon
  Jawaku basa lan kabudayan
  Jawaku sila lan trapsila
  Jawaku tutur lan pitutur
 Tapi, embuh ngendi?
Guyup rukun handarbéni
Luntur ing sajeroning lampu-lampu
Lan saktemené baratayudhané jaman
 mbrebes mili...

142