Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/159

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Surya suminar sumringah
Sumilir angin sumebyak
Pendhak mlaku ing pinggiré tanjung
Ati saya gronjal ngembang ngrembaka
 Nalika katon ana ombak
Gedhé byar.....byur
Kepara saya abut anggoné
Nandang katresnan
Nyawang kaéndahan
Manuk-manuk pating cuit
Ora bisa nahan air mata
Sanajan jiwa ringkih
Pendak ing tanjung iki bisa
Ngobati kahanané jiwa
 Saya suwi saya gawé tentrem
Ayem lan bungahé ati
Tanjung Mas panggon katresnanku


204. Panggurit: Solikhin 00000312

Tresna ing Tengahé Tanah Jawi

Tumindak asor lan budi ingkang luhur tak tumpahaké saking
kawula
Segenap tresna ingkang dumadi kanggé sepenuhipun njagi
jenengmu
Ning kéné kawula bebrayan laku kang adi, Maha Agung kula
tumrapké
Segala puji segala tresna segempalipun kanggé Jawi Tengahku.....
Asta lan awak gagah dumadi maha bebrayan nyekar tumrapé
Maha Suci.......
 Tutur kata kang andhap njagi minangka cidra kang murka

Ing .......

137