Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/160

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

 Ing sawijining peteng ati tetep kélingan minangka ajur tennjero
 Mugi-mugi tetep ngadheg sepenggal angen-angen kan mulya
 Jawi Tengah, tanah Jawi kang bakal kula anut marang keagungan
kang luhur
Kawula nandang laku kang muji kanggé Pangéran, nandang muji
kanggé Keagung
Keasrian lan kewangian ati nyanding, kula lan Jawi Tengah
kula........
Sinaring murpati mugi bisa bangun Jawi Tengah kula....
Jawi Tengah, ora bakal ketutup ora bakal luntur margi bedahing
jaman
Segenapipun tresna kanggé Jawi Tengah kawula....
Segenapipun raga kanggé Jawi Tengah kawula
Segenapipun kanggé Jawi Tengah, Jawi Tengah, Jawi Tengah......
Sekedhik ora ketutup, sekecik mboten ketutur
Tumrap laku lan bahasa anggel sepetak gemah lan jinawi


205. Panggurit: Yusan Dwi Kurniawan 000000314

Pupus
Srengéngé wis gumléwang
Panasé sumelet kaya arep mbelah sirah
Nadyan sumilér angin ketiga
Ora kuwawa nduwa sumuking rasa
 Abot jangkahing sikil mecaki dalam rumpi
 Ndeder munggah gunung kendheng
 Sing ajed ngrengreng
Nadyan jamané wis lungsé
Késuk ing mangsa kala
Surup sing wis arep teka
Lamat-lamat aku krungu

138