Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/158

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


202. Panggurit: Latifiyah Alnur Rizki 00000308

Budaya lan Basa Jawiku

Nadyan wanci iku mung kari sithik
Aku ora bakal bisa ngerti
Apa kang ana ing tanah Jawiku iki

Aku ora bisa ngrasakaké
Nang endi jati dhiri Jawi....?
Nang endi budaya asli Jawi?
Lan nang endi basa jJawiku saiki ?

Kabéh wis padha sirna
Ora ana wong kang migunani
Ora ana wong kang nglestarikaké

Ati iki ora bisa trima
Nalika tanah Jawiku dakpidak-pidak
Budayaku dakobrak-abrik
Basaku dak lalikaké

Dhuh para kanea...,,
Ayo padha tangi
Bangun tanah Jawi iki
Budaya iki dudu mung dolanan
Basa Jawi iki dudu mung lelucon


203. Panggurit: Ervin Oktaviani N.P. 00000309

Tanjung Mas

Dhuh Gusti akarya jagad
Tresna iki lumaku laris

136