Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/157

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

201. Panggurit: Umi Nurkhayaton 00000304

Jawi Tengah Kutresna

Asung bekti, bektiné kawula marang Gusti
Maringi kanugrahan manèka warna
Ing salumahing bumi sakurebing langit
Panciptaning bumi pratiwi

Sembah sungkem marang Gusti
Ingkang pinaringan alam pramudita
Gugur gunung sesarengan
Lara branta dening kaéndahan tanah Jawi

Surya suminar ing Jawi Tengah
Sina tan èsem renyah ulat sumringah
Kebak guyon para kadhang
Ati peteng ruwet renteng musna sirna

Tresna kula marang budaya
Budaya ingkang luhur unggul pinunjul
Mugi kanti jeroning ati
Tèkad nedya damel mekar budaya Jawi Tengah

Jawi Tengah tlatah ing Jawa
Asih tresna kagungan bebrayan
Nguri-uri budaya
Begja mulya jinawing raga

135