Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/156

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Semana uga kapal ingkang katon ngadoh
Marak tengahing segara

Katon manis èseming ibu-ibu ing pasar
Dibarengi para kawula mudha
Ingkang seragam marang sekolah

Mobil gedhé cilik ngliwati para tukang bécak
Sing lagi nunggu ning pasar
Sithik gambaran saka kutha béerbudaya lan mégah
Kuthaku Jawa Tengah.....


200. Pangegurit: Eko Budianto 00000265

Kuthaku

Kuthaku......
Ora sakistiméwa kaya Yogyakarta
Ora saksugih tanah Papua
Ora sakèndah pantai ning Bali
Ora sakmegah kutha Jakarta
Nanging ning kana
Srengéngé katon padhang jingglang
Lintang pating gumebyar
Sawah, alas, gunung, segara
Ngebaki plataran kutha èndah
Jawa Tengah.............

134