Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/155

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

198. Panggurit: Eni Nafiah 00000245

Ngambar Arum

Swasana katon sepi
Dhasaré peteng ndhedhet
Jangkrik, walang, lan canthoka dadi gamelan wanci wengi
Nanging, saiki katon béda
Ngendi papan wis kencar-kencar
Pager tinata bata
Sasat payung megar

 Pesaning jaman, ngowahi sakabéhing kahanan
Kutha kalairanku samengka katen ayu
Endah sinawang lan ngresepaké kang andulu
Atiku katon mongkog lan bombong

Jawa Tengah dadi pancering kaprajan
Semarang nyata wujud gubernuran
Minangka cagak lan saka guru
sinengkuyung para bupati lan aparaturé

Jawa Tengah saya manjila
Jawa Tengah saya kuncara
Bali désa mbangun désa


199. Panggurit: Winda Meilanasari 00000264

Enjing ing Kuthaku

Srengéngé katon lingsem metu saka gunung wétan
Madangi tani ingkang lumaku alun marang sawah

Semana .....

133