Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/154

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Ora kaya kéné karepku
Nrecep anggonku nyawang kembang
Kembang iku musna teko siji
Endi sing mati lan endi sing urip
Bèn tak opèni.


197. Panggurit: Defrina Irmayasari 00000239

ANA

Ana Jawa Tengah
Ana Bibit Waluya
Kang dadi pangarsané
Ana Semarang
Kang dadi punjering kuthané
Ana candhi kang gedhé
Borobudur jenengé
Ana Demak
Ana Kudus
Kang dadi kutha waliné
Ana Bayumas
Ana Tegal
Kang dadi ngapaké
Ana Merapi
Ana Slamet
Kang dadi gunungé
Ana Tidar
Kang dadi pakuning tanah Jawi
Apa maneh budayané
Jateng sarwa ana

132