Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/153

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

195. Panggurit: Solekha 00000237

Tresnaku

Apa iya aku ora tresna
Apa iya aku pantes nyidra
Marang tanah Jawa Tengah?
Apa iya lucu
Apa iya wagu
Apa iya malah dadi geguyu!
Metu pecethèt
Saka bayèk tekan ing tuwèk
Saka nyekèk tekan ing nelèk
Mangan turu iya mung nèk bumiku Jawa Tengah
Aja bimbang
Aja sumelang
Yen aku lunga nyang tanah sebrang.


196. Panggurit: Rina Yunita 60000238

Kembangku

Tak sawang kiwa tengenku
Tak ndelok ngarep mburiku
Manèka warna kembang ngebaki jagad iki
Endah wangi nglunturaké bumi
Tak pandengi siji-siji
Suwé saya suwe musna kanti ngéngséré mangsa
Ndadulah..........
Kembangku mati teke siji
Jebul marga ora diopèni
Iku kok kaya kéné

131