Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/152

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


193. Panggurit: Yuanita Apriliani 00000234

Panjangka Utama

Dumèling ing gangsa
Ing wanci lingsir ratri
Mahanani swasana kingkin
Sarta agawé sengsemé ati

Geter ing manah nuwuhaké panerakit jiwa
Nedya janji tan kena tinundha
Asung darma marang nusa bangsa
Kinarya ambangun ndésa

Nadyan datan pana ing nétra
Ananging nyata ing pangrasa
Angucap tanpa rinasa
Hanjurung rerangken bali désa ambangun ndésa.


194. Panggurit: Widiastuti Dian Setyaningrum 00000236

Ciri Khasku

Wiwit saka kruntil kanti pelok
Mung siji sing dadi ciri khasku
Sumèh lugu lan sopan
Tuturku alus kayata roti
 Mahoni pahit rak isa dadi gula
 Diantem watu dibales karo roti
Iku wong Jawa Tengah
Wong sing nduwéni tata karma.

130