Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/151

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Sanajan bisa bingung
Ning petengan
Murih katresnan-Mu
Kawula tresna Jawi Tengah


192. Panggurit: Dia Pri Hartini 00000222

Nggèr

Nggèr,
Saiki wus wanciné
Handarbéni Jawa Tengah iki
Gemah ripah loh jinawi
Samubarang kang tinandur
Thukul subur
Ngrembaka kaya sumoroting bagaskara
Ngebaki wosing dunya
Basané dadi pathokaning tata krama
Nadyan rubéda
Ya ana ngapak
Panginyongan
Ngoko lugu, ngoko alus
Krama lugu, krama alus
èndah,
Adiluhung
Ana wayang
Gamelan
Kethoprak
Ludruk
Lan macapat kang rinakit guru lagu guru wilangan

Nggèr,
Kabèh iki titikaning Jawa Tengah
Kanggomu, duwèkmu

129