Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/150

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


190. Panggurit: Octaviyani Tri Lestari 00000145

Aku Tresna Jawi Tengah

Jawi Tengah meniku papan panggonanku
Papan ingkang kathah kenangan lan perjuangan
Perjuangan ing kamardikan negeri Indonesia
Ingkang kula abdiaken kanti salawasé
Jawi Tengah...
Kula njunjungaken nilai-nilai kemanusiaan ingkang dhuwur
Kanggé mbangun Jawi Tengah ingkang maju
Maju kapribadian warga meniku
Ugi maju miturut budaya, ékonomi lan téknologi
Jawi Tengah kapérang werna-werni
Kapérang werni daérah, budaya, suku, warna kulit, lan liya-liyané
Nanging mboten wonten ingkang bédakaken pambéda kasebut
Ugi rukun kanti tentrem
Amarga iku,
Aku tresna Jawi Tengah...



191. Panggurit: Dwi Putri Trisna Sari 00000146

Tresna Jawi Tengah

Wis kebacut dadi mungsuhé sétan
Manungsa urip tansah diemong dening nepsu
Sing tansah akéh kerupsi
Putih dadi katon biru
Mula Jawi Tengah ampun gampang korupsi lan kapusan
Marang wernaning méga
Asalé putih banjur dadi klawu
Dunya mélu peteng
Kaya goa katutup watu
Aku arep sinau maca
Sajeroning peteng

128