Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/149

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Budaya Jawa
Tentreming jiwa
Ungéling pradangga
Lakuning manugsa
Ngemu wayang surasa
Eseming nala
Tan kuciwa
Adi éndahing budaya
Samubarang ing Jawa
Mugi saya ngrembaka
Sangsaya ditresnani
Dipunuri-uri


189. Panggurit: Siti Aminah 00000140

Tresnaku marang Kabudayan Jawi

Dhuh kabudayan Jawi
Kabudayan Jawi kang dak tresnani
Tresnaku mung kanggo kabudayan Jawi
Kabudayan kang ana ing dunya Jawa Tengah iki
Kabudayan kang éndah
 Dhuh kabudayan Jawi
 Menyang ngendi lungamu aku mesthi kélingan
Papan dunungmu tan ana ing tlatah Jawa iki
Kabeéh wis padha tresna
Mula kita kedah nguri-uri kabudayan Jawi

127