Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/148

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


187. Panggurit: Alma Fahmi Aninnaim

00000138

Provinsiku

Apa ta kang ana saiki
Apa kang koh duwéni saiki
Makmuring masyarakat
Kapan bisa rata
Entuk sekabéhaning
Kapan sangsaya bisa mulya
Ananging ora apa-apa
Aku tetep tresna
Provinsiku Jawa Tengah


188. Panggurit: Irkhamiyah

00000139

Samubarang ing Jawa

Tanah Jawa
Kondhang aloka-loka
Moncar ing alam madya
Mestuti ila-ilaning para kina
Gemah ripah
Sangsaya éndah
Tata, titi, tentrem
Karta raharja
Subur sarwa tinandur
Mirah sarwa tinuku
 Wong Jawa
 Alus solah bawa
Apik pangrasa
Agawé uriping jaya
Rukun agawé santosa

126