Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/147

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Dalan-dalan kebak ing motor lan mobil
Ciri khasé kuthaku......
 Semarang iku kuthaku
Provinsiné Jawa Tengah
Grapyak sumanak wongé
Nduwéni jati dhiri
Aku bangga dadi wong Jawa Tengah
Bisa tumunjul
Lan dadi panutan
Dadi kutha kang ayem, tentrem, lan prasaja
Kuthaku kang dak tresnani


186. Panggurit: Junifa 00000137

Abdiku

Tlatahku kang ngadhemaké mata
Negresep ing sukma, nentremaké jiwa
Papan kanggo gayuh kekarepan
Tlatahku iku Jawa Tengah
Yen bisa...
Dakgawa tlatahku iki
Ditepang kabeéh manungsa ing jagad raya
Lan moncér tekan manca
Jawa Tengahku....
Bakal dak abdikaké jiwa lan ragaku
Dunga, semangat bakal dak curahaké
Kanggo mbangun tlatahku iki
Aku lair ing kéné
Urip ing kéné
Lumangkah Ian maju namung karo kowé
Oh Jawa Tengahku.....

125