Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/146

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH

Kula péngén dados bagian menika
Muga kawajud sawentara.
 Adhem, tentrem, lan ayer
Kudu ngéten tekané awaké marem
Mugi ngantos sakmangké padha mingkem
Ngengini padha tentrem lan ayem.


184. Panggurit: Dwi Setyowati 00000940

Jawa Tengah Saksi Uripku

Lelakuning ombak laut
Nggudhag kumitiré angin kang salam sujud marang srengéngé
Geglayutan ing cagak-cagak wit jati buka cerita
Dening adhem bakalan teka
 Swara manuk ana ing wit mélu teka
 Nyapa manunegsa sing dadi kanca ana dunya
Lemah kang dakpidak iki dadi saksi uripku
Muga pasindonku ing tlatah Jawa Tengah
Ora gawé kuciwaning ati
Tansah isa nguri-uri budaya Jawa
Anggayuh mulyaning bangsa
Adhedasar Pancasila


185. Panggurit: Meika Zakiyatul Fitriyah 00000942

Kuthaku

Jéjéran bangunan tumata rapi
Mubeng ing tengah kutha
Dadi pusaté keraméan

124