Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/145

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa

Marang kutha Semarang
Kang katresnan iki


182. Panggurit: Riza Saptoaji N. 000600536

Kewajibanku

Aku bisa gumuyu
Aku bisa ngangsu kawruh
Aku bisa pratingkah
Krana Indonésia wus mardika
Krana Jawa Tengah wis éndah

Kaéndahan kang ora bisa diukur
Ngangge bandha
Kang dhuwuré sak giri
Sak pulo....
Utawané sak benua

Kewajibanku....,
Minangka anak bangsa
Sinau kang tekun
Kanggo bangun Jawa Tengah
Sing tansah cinaket ing manah....


183. Panggurit: Wahyu Sandi 00000937

Tentrem

Kudu dicontho marang provinsi liya
Adoh saka hama lan mara bahaya

Kula .....

123