Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


Kutha kang gawé aku bangga
Warna-warna budaya kang aku tresnani
Ning nang ning gong swaraning gamelan
Budaya kang gawé Jawa Tengah asri
Ora bakal aku nglalikaké
Ora bakal dak relakaké
Yén budayaku dijupuk negara liya
Awit aku lair nganti tekaning pati


177. Panggurit: Ali Samian 00600920

Jawa Tengah

Mapan ana ing tengah-tengah
Etan provinsi kulon provinsi
Tansah dikepung laut
Bali désa bangun désa
Iku semboyanmu
Provinsi Jawa Tengah...
 Borobudur candhimu
 Ranggawarsita musiummu
 Wayang kulit kabudayanmu
Ha na ca ra ka aksaramu
Kabeh tansah nguri-uri
Bangsa tanpa basa
Ibarat raga tanpa busana
Jawa Tengah, papan panggonanku

120