Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


Bakal gawang-gawang campur méga-méga
Apa kudu tak buwang bareng karo lumingsiring wengi?


175. Panggurit: Siti Marfu’ah 00000915

Lampu Bangsa

Lampu-lampu kutha
Abang, ijo, kuning
Gebyar-gebyur
Dadi padhangé dunya
Ngalor-ngidul
Sliwar-sliwur
Akéh bocah
Ngebaki lampu bangjo
Ing kutha Semarang
Aja manéh dadi dokter
Aja maneh dadi insinyur
Mangan baé arang kadhang
Ing kutha Semarang
Aja kok ngimpi bangun gedhong
Aja kok ngimpi bangun gebyaring omah
Gubug-gubug cilik baé padha gusur


176. Panggurit: Fitriana Andriyani 00000919

Kabudayan
Bungah ati iki nduwéni Jawa Tengah
Senang ati iki lair ing kutha Jawa Tengah

Kutha ...

119