Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/143

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Antologi Puisi Jawa


178.Panggurit: Risqi Adyatma 0000925

Tlatah Jawa

Jaman wis molak-malik
Saya suwi sangsaya bubrah
Wong Jawa ilang jawané
Lali karo kabudayané
Duh, Gusti
Sepuranana para mudha iki
Kumingsun-ingsun nilar subasita
Tanpa duga kira
Urip iki ana ing tlatah Jawa
Nadyan mung sadhéla
Kanti dak ugemi lan dak tresnani
Nguru-uri kabudayan Jawi


179. Panggurit: Indah Silviana Maulidah 00000926

Adreng Jawa

Swara sing kang mamengar
Ora ana kang duwéni
Namung kapulauan
Gawé gunadhesti ing ati
 Adreng matur ing dunya
Adreng ngajari ing dunya
Iki basa kita!
Iki adat kita!
Iki budaya kita!
Adreng dadi adat
Adab kanggo negeri

Budaya......

121