Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/140

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

AKU CINTA JAWA TENGAH


173. Panggurit: Umi Thoifah         00000905


Jawa Tengah iku Provinsiku

Para pangarsa, pimpinan gembala umat
Sanadyan angèl lan rekasa
Nanging kanggo Jawa Tengah
Apa waé dilakoni mbimbing.
Kanggo majuné Jawa Tengah
Oh...Jawa Tengah
Provinsiku
Tempatku, ngayom ing dunya
Gedhong-gedhong dhuwur
Pabrik-pabrik sing misuwur
Iku ing Jawa Tengah
Ayo kita rawat, majukaké Jawa Tengah
Lestarikaké kabéh budaya ing Jawa Tengah
Supados Jawa Tengah maju lan jaya.


174. Panggurit: Oktafiana Astri Budiyati       00000906

Petenging Wengi

Sumribit angin ngelus langit soré
Manuk sriti bali ing pucuking cemara
Nganti tekaning wengi sing nyeyet
Gawang-gawang katon pasuryanmu
Jawa Tengah ....Jawa Tengah
Gawé tambah kekesing angin soré
Tumlawung rasa tuméka manèh
Bareng karo wewayanganmu
Kang bakal ngebakti impèn petenging wengi
Lumaku turut petenging lurung

118