Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/137

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Budayamu akèh lan apik-apik
Kroncong kang dadi musik khasmu
Jawi Tengah among kowé
Kutha kang dak tresnani



169. Penggurit: David Satrio Azwar Ali 00000816

Ngenes!!!

Kenapa-kenapa budayaku, seniku,
Kenapa bahasaku, basa Jawa
Padha ilang marang wong kang ora pantes
Ora kerasa ora nyangka, lan ora ngira
Dunya kita dijajah
Dunya Kita diorak-arik
Nanging kita ora bisa apa-apa
Ing bumi negara kita kang katresnani iki
Aku kuduné bisa bangga marang budaya lan seni
Aku kuduné seneng nggunakaké bahasa Jawa
Nanging aku ora bisa, aku ora mampu
Merga saingané, musuhé, bangsa manca
Bahasa manca luwih disenengi
Kapan-kapan......... kapan
Bangsa kita, negri kita, bisa makmur
Bisa tentrem, lan bisa ayem
Ayo tangi, ayo sadar, ayo......
Rebut apa sing kudu dibéla
Lan dhéwé kudu bisa njaga apa sing kudu dijaga

115