Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/136

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Tresna marang nagara, tlatah lan kulawarga
Tlatahku yo.... tlatah Jawa, sing pasti Jawa Tengah
Jawa Tengah kang gemah ripah, èndah Jan berbudaya
Tresna, cinta, asih, seneng apa waé sebutané iku...,
Sing utama kabèh mau kudhu iso nyatu

Nyatu antarané cilik lan gedhé, ra padha tetumpangan
Padha guyub ruku, ambagyaharja
Ra ana tetembungan istilah béda kabèh padha
Yaiku Setarawus.........
Setara......... Setara............mbangun désa, balik ndésa
Mujudaké Jawa Tengah kang bagus rupa
Tresnaku marang Jawa Tengah tansah handarbéni
Aku tresna Jawa Tengah......



168. Penggurit: Triyana Karlinawati S.P. 00000823

Jawi Tengah

Kuthamu kaya srengéngé ing isuk
Kuthamu resik kaya banyu bening
Budayamu bagus kaya Radèn Janaka
Wisatamu akeh sakakehé pendudukmu
Jawi Tengah......
Aku tresna Jawi Tengah
Kutha kang resik lan apik
Kutha kang dadi panutan
Mbali désa mbangun désa
Kang dadi ciri khasmu
Lawang Séwu lan Tugu Muda
Kang dadi sejarahmu
Jawi Tengah....Jawi Tengah...
Kutha gedhé kang asri

114