Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/138

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

170. Penggurit: Ali Arifin 00000881

Ruhmu ning Langkahku

Soroting cahya marang awak iki
Tumuju ana ing kekuatan batin iki
Bocah-bocah padha isih nangis
Mloya-mlayu tanpa arah
Jalaran, bocah-bocah ora ngerti
Lan ora gelem nyemplung ana ing sliramu
Bingung ati iki
Aku sacuwil nyawa
Lan aku nyemplung marang sliramu
Sapa sliramu?
Apa kesenenganmu?
Piyé kedadéanmu?
Lan apa ruhmu kang bisa tak gawa?
Saiki aku ngerti sliramu
Lan tak gawa terus
Ana ing langkah urip iki
Aku kanggo awakmu
Aku



171. Panggurit: Reksita Galuh Wardani 00000902

Ngadarbéni Budaya kang Luhur Budi

èling!
èlinga sira ugi tawuh marang bekti nagari
Putra saha putri ing tanah Jawi iki
Kang sejatiné ngandarbéni babagan satria

èling!
Ayo sira ugi nguri-uri paninggalan suci!

116