Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/135

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

166. Penggurit: Tri Haryanti

000003813

Jawa Tengah ing Prasetya

Jawa Tengah ing mangsa rendheng
Ngadeg jejeg, luhur, subur tetanduran
Ing mangsa ketiga
Sasat ora kentèkan toya
Jawa Tengah ngabdi negari
Mrintis jembar paugeraning prayogi
Jawa Tengah kutha gedhé
Kutha minangkani tandha, cahyaning citra Indonésia
Mujudaké tuladha apik kang nyata
Anggoné kebak budaya bangsa
Jawa Tengah, prasetya ulah sakti
Bhakti praja lan kebak tresna,
Jawa Tengah!!!



167. Penggurit: Fitri Dwi R. A.

00000853

Gègèré Setara

Gègèré setara,
Setara sing artiné padha, rata
Nanging padha apa iku sing dimaksud??
Padha bentrok, padha rerasan, padha enakéé.....
Apa gelem kabèh lapisan disetarakaké
Wong gedhé setara wong cilik uga sawaliké
Apa iku jenengé setara kang adil???
Saiki sing muncul pitakonan kang ora ana rampungé

Cinta yaiku tresna...tresna marang awaké dhéwé
Uga marang wong liya

Tresna ....

113