Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

165. Penggurit: Wahyu Haryansyah 00000812

Dungané

Ing wiwitané laku
Dak tlusuri lakuku
Jebul ana ing Jawa Tengah
Provinsi kang

Nadyan kebak prekara
Kang nerak raga
Kenthel lumèré pangrasaku
Jawa Tengah kuwi provinsiku

Kang dadi panggonku urip
Dakpikir kanti waliking raga
Kang kudu dak lakokaké
Sejatiné kuwi pangajabé
Jawa Tengah, O.. Jawa Tengah
Kang kudu dak tresnani
Lan dak kembangaké provinsiné

O.. Gusti
Selaginé provinsi kang kebak prekara
Tinepak-nepak sugengé urip
Kuwi pangajabé urip

Provinsi kang kebak subasita
Ora luput tata kramané
Kang wis dadi tuladha
Uninga kuwi kang dadi dungané

112