Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Aku ora kepèngin budayaku musna
Namung iku pangarepku

Jawaku ora kaya ron garing
Kang kagawa dening angin
Budayaku ora bisa dituku
Merga Jawa lan budayaku
Kanthil ana ing getih lan dagingku
Jawaku lan Budayaku
Bakal kagawa nganti tekaning pati
Tumancep ana ing ati



164. Penggurit: Dian Widya Kurniawan 00000811

“Jawa Tengahku”

Ésuk tansah adhem
Gumebyar lintang kang wis pamitan
Aditiya kang lagi tangi
Madangi bumi pertiwi
Cumléwat peksi kang padha nyanyi
Cicit cuit cicit cuit
Gawé tentrem ana ati
Akèhing kabudayan, akèhing kesenian
Lumaku ing pagesangan
Tansah lumaku kekancan
Marang bebrayan
Lelakon ing jagad iki
Gumelar ijo royo-royo
Gemah ripah loh jinawi
Oh....tanah Jawi
Jawa Tengahku

111