Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Jawa Tengah sing tansah menehi kamuktèn
Marang para putra sing nduwéni kasektèn



155. Panggurit: Puji Dewi Srihastuti 00001132

Budaya Jawa Tengahku

Jawa Tengah...
Provinsi kang sugih budaya
Budaya kang manèka warna
Budaya kang nggambaraké pribadining priyangga
Kabèh rumangsa handarbéni
Rumangsa nduwéni
Budayaning Jawi
Budayaning sesami

Ayo para sesami
Padha angungkepi lan ngugemi
Budayaning Jawi

Supaya ora sirna,
ora musna
Dening pangikising jaman
Supaya dadi budaya kang kineringan
Dening liyan...
Mangkana tumindakku
Tumrap budayaning Jawa Tengahku

105