Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

156. Panggurit: Yudi Sahrul Sidik 00001131

Jaré...

Jaré.........
Jawa Tengah provinsi cilik
Wongé sumèh-sumèh
Budayané akèh

Jaré...
Wayang, bathik, lan tari nggoné wong Jawa Tengah
Jaré..
Cilik ananging gedhé

Pancen bener,
uga ora salah
Jawa Tengah
binayah salanggengé bawana



157. Panggurit; Ahmad Arif S. 00001130

Budaya Jawi Asli Jawa Tengah

Dina saben dina tak lakoni
Awit lair tekané gedhé iki
Ukéhku mangerténi Jawa Tengah nyesemaké ati
Panggonan kang asli lairé budaya Jawi

Ayo kanca-kanca padha nguri-uri budaya Jawi
Ngèlingi yèn budaya Jawi
Adi luhung lan berjati dhiri
Ndadèkaké Jawi Tengah berbudi karti

106