Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/126

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

153. Panggurit: Restu Ari Kurniawan 00000817

Aku Cinta Jawa Tengah

Ing provinsi iki aku lair
Aku seneng bisa dadi warga provinsi iki
Provinsi kang nduwéni anéka ragam budaya
Provinsi kang terdhiri saka 29 kabupatén lan 6 kutha
Slogan bali désa mbangun désa dadi idéntitas
kanggo saben wargané
Muga-muga Jawa Tengah saged mujudaké
kasejahteraan kanggo wargané



154. Panggurit: Pandu Giwangkoro 00001136

Swaraning Jawa Tengah

Swaraning ombak sing gumleger
Kaya mbelah buwana kang isih seger
Nètraning srengéngé kang mawa parabawa
Mratandhakaké kaagunganing Sing Kuasa

Bumi sing dakpidak
Sing subur Jan kebak pangarep-arep
Nduwéni rasa sing bakal taksigrak
Dadi siti sing nuwuhaké rasa kekarep

Jawa Tengah...
Daérah sing sumringah
Dadi suryaning para penganggah
Didapuk dadi buminé para umat sing kepradah

Madhep mantep para pengagung dunya
Handarbéni jiwaning buwana

104