Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/125

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

151. Panggurit: Ichda Lailatul Ulya 00000820

Tlatah Jawa

Tresna...
Tresna, tresna, tresna
Tresna marang kabudayan

Kabudayan kang agung
Marang tlatah iki aku ngabdi

Ngabdi ing negriku
Negri ingkang kathah kabudayan



152. Panggurit: Rezki Wulan Suci 00000819

Kutha Semarang

Kutha cilik ing Jawa Tengah
Kutha kang èndah
Kutha kang sugih budaya
Lan...
Kutha kang sugih wisata

Kutha kang tinata
Kutha kang katon resik
Nanging...
Ing pinggiran...
Isih akèh panggonan kang ora becik
Ora becik kanggo kauripan
Ékonomi kang ora kacukupan
Sekolah ora kaurus
Oh...
Kutha Semarang

103