Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/124

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

149. Panggurit: Umi Farichah 00000824

Sumuruping Tlatah Jawa Tengah

Jawa Tengah kota indah
Masyarakaté kabèh ramah
Subur makmur nyublak dhuwur
Kanggo nentremaké ati sedulur

Jawa Tengah luhur bebudimu
Pèngin nggawa inggil kakarepanmu
Awujud rerupa
Ora mung subasita
Nanging kakarepan kang mulya

Jawa Tengah wis ana sejarah
Nancep, madhep ana tlatah
Dikenal lan bisa mandégani kabéh wilayah
Ana ing tlatah Jawa Tengah



150. Panggurit: Aldea Brilliyana F. 00G00821

Kaèndahing Jawa Tengah

Jawa Tengah
Papan kang èndah, èdipèni
Prasasti sumebar saindenging negari
Candhi-candhi kang suci
Kawéntar saubenging bawana
Kali-kali ngaluk-aluk dawa kaya ula
ljo royo-royo kang kaliwatan
Gunung-gunung kang ngadeg lan raksésa
Jaga bumi
Nambah kaèndahan Jawa Tengah

102