Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/123

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

147. Panggurit: Jeane Aviandini 00000828

Tresna, Jawa Tengahku

Gemah ripah loh jinawi, ngana jaré
Ya ning kéné, ning Jawa Tengahku
Peparingané Gusti Ingkang Maha Agung
Duh Gusti matur nuwun..
Sampun maringi negeri kang èndah
Ya ning kéné, ning Jawa Tengahku

Dakjaga kabudayan Jawi
Wujud tresnaku marang Jawa Tengahku
Mugi Gusti paring barokah
Ing kéné, ya ing Jawa Tengahku



148. Panggurit: Budiawan 00000825

Aku Tresna Semarangan Lawas

Lunturing geni ganténi banyu mili
Sumebyak mlucuti aksara
Tugu Muda tanpa swara
Kruguban
Lawang Séwu katrucuhan rob

Lampu kutha diganti lilin
Simpang Lima mingkem
Aku tresna Semarangan lawas

101