Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/122

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Lampu gumebyar sunaré gilar-gilar
Mengkana gumebyar kahanan ing Semarang
Tugu kang kokoh satengahing kutha
Rikala kasorot lampu ijo, kuning, abang
Lapangan asri Pancasila
Katon bungah ateges gilar-gilaré lampu kutha
Sangsaya wengi saya ramé
Amarga padha guyub satengahing kutha
Amarga kabèh padha kagum
Gumebyar lampu Semarang



146. Panggurit: Hevi Nuraini 00000831

Cahyaning Jawa Tengah

Semarang provinsi Jawa Tengah
Kutha kang èdipèni
Satata tentrem raharja mulya rakyaté
Kutha budaya ya TBRS pusaté
Nganakaké palumban kang minulya
akèh paminaté
Pinunjul asilé

Kebak pengunjungé
Tandha akéh semangaté kang
Handarbéni pakulinané
Jejer jejeg jumangkah kang
sayektiné
Mamayu hayuning bawana
Lila lan legawa nyengkuyung
Kamajuwaning bangsa

100