Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

Ning kéné aku lair ing tanah Jawa
Aku bisa ngerti tentang basa Jawa
Basa Jawa unggah-ungeuh kang luhur
Jawa Tengah iku jantung budaya Jawa


144. Panggurit: Nur Fatimah 00000834

Jangkah kang Jumangkah

Swara dumèling wewancaning pujangga ...
Urut rumasuk ing jiwa Jawa...
Oh... Ranggawarsita...
Jangkahmu ajeg jumangkah...

Njangkahi jaja jagad alit...
Jangkahi jembaring jagad agung...
Rawé-rawé rantas malang-malang putung
Indonésia... Merdéka!!!

Kamardikan gegayuhan pungkasan
Kamardikan kang ana ancas
Masyarakat adil makmur...


145. Panggurit: Ega Rizki Nanda Saputri 00000832

Gumebyar Lampu Semarang

Gumebyar lampu abyor ing Semarang
Cumlorot sliweran nalika alihan

Lampu ....

99