Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/115

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

ing dunya iki

Budaya Jawa awakmu saiki ana ngendi?
Apa sliramu wus sirna?
Apa sliramu wus katrajang jaman?
Aku kangen marang sliramu

Budaya Jawa kang dadi kabanggaanku
Aku ning kéné wus janji marang
awakku
Aku kudu bisa gawa budaya Jawa
Iki ing tlatah kana


134. Panggurit: M. Rizky Rinaldi 00000852

Tanah Jawa Tengah

Ngucap syukur marang Gusti
Sang pencipta
Wis nyiptakaké tanah iki
Tanah Jawa Tengah iki
Sing lengkap karo kaèndahané
Adat lan budaya sing unik
Wayang, batik ...
Kita kudu nglestarikaké
Kanggo anak lan cucu
Budaya, adat, lingkungan
Marang Jawa Tengah sing kita tresnani

93