Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/114

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Saka Lawang Sèwu nganti Simpang Lima
Ora tau mandheg manungsa makarya
Masjid Agung kang mégah lan èndah
Gawé tentremé ati kang gresah
Pantai Maron nganti Marina
Dadi jujugan nalika préinan sekelah
Kutha Semarang kutha métropolitan.....
Guritan iki minangka tandha tresna
Kanggo ibukutha Jawa Tengah


132. Panggurit: Ninik Samiati 00000876

Jawa Tengahku

Jawa Tengah iku provinsi ingkang sampurna
Nduwé budaya lan kahanan ingkang èndah
Pantai Kartini ingkang kondhang ing Jepara Jawa Tengah
Batik Pekalongan ingkang kondhang ing Indonésia
Nganti mancanegara
Budaya Jawa ingkang isih dijaga ing Semarang
Jawa Tengah kaya ta kethoprak, wayang kulit, lan tari
Kabèh kuwi sing duwé Jawa Tengah
Iku sebabé Jawa Tengah iku sugih budaya


133. Panggurit: Ayas Arifianti 00000857

Nguri-uri Budaya Jawa

Budaya kang éndah
Budaya kang dadi ciri khas kuthaku
Budaya kang saben dina diomong-omongaké

92