Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

135. Panggurit: Deka Agung P. 00000851

Rawé-rawé Rantas

Jawa Tengah tokoh kita
Sedaya raga kita
Balung kita
Kang dadi pondasi kita

Kita sedaya ngertos
Raga kita inggih Jawa Tengah
Kita bingah
Urip sanget makmur

Rawé-rawé rantas
Malang-malang putung
Iku semboyan kita
Makmuraké rakyat
Jawa Tengah


136. Panggurit: Alvian D.S.K. 00000850

Alam Jawa Tengah

Ati sing lara dadi waras
Yèn ndeleng apiké alam Jawa Tengah
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptaan Sing Kuwasa

Matur nuwun marang Gusti
Sing wis nyiptakaké bumi iki
lan saisiné
Kita kudu ngrawat alam Jawa Tengah iki
Marang dunya kang luwih apik

94