Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/113

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

</poem> nekakaké rejeki para petani nggawé makmur para warga kanggo nyukupi kauripan masyarakat menika ing daérah Jawa Tengah </poem>


130. Panggurit: Nuri Yasmina A. 00000880

Uripku Jawa Tengahku

Panjenengan anggonku lair
Anggonku dados gedhé
Panjenengan ngolèhaken dhèweké ningali
Ningali kagunganipun Gusti Pangéran
Panjenengan ngoléhaken dhèwéké mlampah
Mlampah terus tekan pangarepan
Panjenengan ngolèhaken dhèwéké urip
Urip kang luwih seneng
Matur nuwun
Jawa Tengahku
Dhèwéké ora bakal mandheg
Mandheg kanggé tresna marang panjenengan


131. Panggurit: Retno Murniati 00000878

Semarang Kutha Métropolitan

Semarang.........
Kang asalé asemé arang-arang
Saiki uwis arang tenan
Wus dadi kutha métropolitan
Raméné uwis padha Jakarta

91