Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/112

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

128. Panggurit: Anggy Arfian W. 00000755

Merjuangaké Ngatahanaké Budaya Jawa Tengah

Napas kang metu saben manungsa
Ora ana arti sakliyané paédah kanggo nagari
Mbekti sakuwat-kuwaté
Merjuang mertahanké

Ora ana kasadaran kang duwéni arti sakliyané mèlu
Mertahanaké budaya kanggé panguripané
Bandha kang duwéni rega
Kabuwang sia-sia ora duwé daya


129. Panggurit: Tri Sari Rahmawati 00000756

Lemahku ingkang Subur

Wekdal fajar dumugi
Ciat......ciut......ciat.....ciut
Swaraning manuk
Bebarengan nyambut tekaning isuk
Semilir angin...
Nggawé wit-witan
Nggawé suket-suketan
Nari-nari bebarengan
Jembaring sawah ing pinggir dalan
Kaliyan pari sampun nguning
Jejer-jejer wong mlaku bebarengan
Ngganggo caping ingkang kompak
siap manèn pari ing sawah
Lemahku ingkang subur
kaliyan kasil panèn kanti akèh

90