Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/111

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

126. Panggurit: Adhitya Indhiyanto 00000751

Uripku ning Tanah Jawa

Lara-lara ning tanah iki
Seneng-seneng ning Jawa iki
Mlaku-mlaku ning tengah iki
Kanti sabar nampa cobaan
Tabah ngopèni mbah
Seneng akèh kanca
Tanah iki.........
Jawa Tengah........
Aku numpang urip
Nalika aku tuwa
Aku péngén urip
Ing Jawa Tengah iki


127. Panggurit: Ayu Puji Astuti 00000754

Majuké Jawa Tengah

Welingku marang pemudha
Aja wedi ing rekasa
Kanggé mbangun Jawa Tengah ingkang jaya
Mbutuhaké ilmu ingkang mulia
Pangarep-arepku
Rong puluh taun salawasé
Supaya Jawa Tengah maju
Lan para pemudhané
Jembar pikirané

89