Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

124. Panggurit: Amelia Anni M. 00000749

Aku Cinta Jawa Tengah

Jawi Tengah, iku aku
Jawi Tengah, iku bapak lan ibuku
Jawi Tengah, ana ing uripku
Bekti lan setyaku kanggo Jawi Tengahku
Jawi Tengah, iku darahku
Jawi Tengah, iku basaku
Darak Jawi Tengah iku ngalir
Saben detik, menit, jam, lan dinaku
Jawi Tengah ana ing ngendi-endi
Jawi Tengah iku aku, uripku lan salawasé


125. Panggurit: Durrotun Nashichah 00000750

Jawa Tengah kang Èlok

Srengéngé kang nyoroti ing wayah ésuk
Nyoroti sinar kang cemlorot
Mbangkitaké semangat ésuk
Rasa semangat kang ngebaraké
Ing kutha Semarang kang akèh karamaian
Para tiyang kang nyambut gawé kantoran sing léwat
Bocah sekolah, mahasiswa sing padha kesesa
Wong kang dodol ning dalanan sing wis buka
Swasana kang numbuhaké inspirasi
Ing pucuk-pucuk kutha sing élok
Pemandangan kang grugah
Jawa Tengah kang duwéni kaélokan

88