Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
Antologi Puisi Jawa

122. Panggurit: Ike Puji L. 00000747

Jatengku Katresnanku

Nuwuhaké kabudayan Jawi
Guyub rukun ing bebrayan
Èndah kuthané
Sabar masyarakaté
Tut wuri handayani
Itikad ingkang saé
Papan kang ana ing Semarang
Akèh paninggalan-paninggalan jaman kuna
Nandang kasengsem ing manah
Duwéni ciri khas tartamtu
Ora bakal lali marang pejuangé
Wani njaga lan nguri-nguri kabudayan Jawi


123. Panggurit: Mega Hafsari Nurbaety 00000748

Katresnan Jawa Tengah

Jawa Tengah kang kula tresnani
Jawa Tengah kang kula banggakaké
Sejahtera masyarakaté
Makmur uripé
Kawajiban kita njaga Jawa Tengah
Supaya tetep adhem tentrem
Seneng uripé sejahtera wargané
Jawa Tengah provinsiku

87