Kaca:Aku Cinta Jawa Tengah.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
AKU CINTA JAWA TENGAH

Ing kéné aku sinau
Supaya urip kanti lumaku

Tanah Jawi
Tanah ibu pertiwi
Tanah subur
Rakyat makmur

Jawa Tengah
Jantung urip tanah Jawi
Kanti budaya gawé tresnaning ati
Embuh piyé carané balas budi
Ajaran ilmu tanah iki

Menawa rasa tresna saka ati iki
Kang isa tak wujudaké saka sajeroning ati


121. Panggurit: Rahmatika Wijiastuti 00000745

Jawa, Jawa Tengahku

Aku.......
Iki aku ........
Aku ora kowé, kowé ora aku
Aku mung bocah, ora liya bocah cilik
Bocah kang lagi metu wingi
Saka ndésa menyang kutha
Gumebyaré lampu dadikaké bungah atiku
Akèh kabudayan, pendhidhikan, lan papan pariwisata
Kabéh mau......
Ora prelu lunga adoh, ora prelu sekolah adoh
Kabéh mau........
Jawa Tengah kang nduwéni

86