Daradasih

Saka Wikisumber
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Panjurung

[ 73 ]DARADASIH J. Kusumadi H.M.

Byar klekar lagi bae ngelekake mripate tangi turu. Ora perlu gebyur adus barang. Cukup pas foto (raup) bae. Mardi banjur ninggalake omah. Dudu omahe dhewe amarga bapak lan emboke klebu wong kleyang kabur kanginan kang angel dilacak asale. Nalika nom-nomane, bapak lan emboke padha dene wong ngumbara lan ora gelem bali marang asal lemah wutah getihe. Marga pancen warisane wis didhaku dening sedulur-sedulure lan dipatekake ora didumi.

Tumrap embokne Mardi kanggo apa nggondheli lemah kang mung uripe ditanduri pohung. Lemah kang dhelet-dhelet keterak ilen-ilen wedhi saka tutuke Gunung Merapi. Semono uga bapake uga mangkono. Nadyan duwe taler trah saka titising kusuma rembesing madu, nanging uga wiwit biyen ora nate nindakake pasowanan. Tembunge mung Den, laden. Den wis ora duwe papan padunungan kaya sing dha kagungan pangkat dhuwur. Nadyan tanpa sarasilah bisa apangkat Kangjeng Raden Tumenggung.

Marga Mardi anak turune wong seneng ngumbara bebasane ya kacang mangsa tinggala lanjaran utawa banyu miline nyang ngendi, tangi turu mau banjur piket ana pretelon pasar Ngasem, cedhak bakul rokok kono. Bakul rokok iku asmane Mas Run. Yen Mas Run nuju kulakan sok dititipi sedhela. Marga wis manuh becik, Mas run wis percaya yen Mardi sengara gelem njupuk dhuwit utawa pepayone rokok. Mung bae nadyan Mardi lagi umur watara sepuluh taun ya kaya kanca-kancane para guide cilik, wis nglecis padha udut.

Apa Mardi piket ana pretelon pasar dadi wong ngumbar tangan angon ulat, aliyas nyopet? Ora, ora, babar pisan ora. Lha ngapa ana kono? Adhang-adhang tetesing ebun. Yaiku dadi guide cilik. Mung yen Minggu bisa mruput adhang-adhang ing kono. Yen ora ana kono padha thenguk-thenguk ing pojok sekolahan Keputran II. Kadhang kancane loro apa telu, malah sok luwih. Paguyuban guide pancen becik, yen kancane ora oleh rejeki, sijine entuk banjur ngedumi kancane. Ning ya ora kabeh kaya ngono, merga bocah mono watake dhewe-dhewe. Ana sing seneng diwenehi, emoh weweh, ya ana. Ana uga sing loma. Ning

73 [ 74 ]racake loma kabeh sebab dhuwit gampang anggone golek. Pagaweyane njempol, utawa tembunge ngeterake tamu ana kraton lawas Tamansari, ana sing seneng ana sing ora. Klebu wong tuwane Mardi, sejatine ora lila yen Mardi melu-melu njempol. Karepe arep diajari nyambut gawe, gawe kasur bae kaya bapake. Nanging gandheng ongkos gawe kasur telu sing digarap telung dina kalah karo kasil guide-an rong jam, mula Mardi trima dadi guide cilik. “Kono-kono sakarepmu, yen ora nggugu wong tuwa,” grenenge bapakne. “Bapak ki tansah ngendika ngono bae lo, ora-orane yen aku kelut kanca, seneng domino, melu kertu lima, lan ceki.” 4 “Ah, saiki durung, titenana suwe-suwe mengko, ....” Boten, boten Pak, kula rak tesih mlebet sekolah terus.” Mardi mulih sekolah bubar madhang wis klepat mlayu marga || diampiri Sarjo, kakangne Sarji. Yen karo Sarjo komplot, yen karo Sarji | sering mungsuhan. Malah sok kerengan barang. Anehe Sarjo ora tau mbelani adhine, mung diuja sabonyoke. Yen wis dipisah, bali akur maneh.

“Ciblek...! Apa pethekku, witing tresna jalaran saka kulina.”

Karo nggawa pecut Pak Joga, ya wong tuwane Mardi nesu banget, jaja bang mawinga-winga, kadya sang Baladewa yen bramantya,

“Endi bocahku Mardi, kon metu mulih!” 3

Mardi ndheleleg ora wani mangsuli. Rumangsa salah awit tau | kandha yen ora arep melu main domino. Domino ing kono ora mung lud- | ludan gaple clorengan angus. Nanging toh-tohan dhuwit. Sejatine Mardi | wis rada suwe sok dolan menyang daleme Den Mas Run mau. Nanging, lagi iki ana sing lapur karo Pak Joga.

“Cether..., cether....” Pecute Pak Joga ngenani gegere Mardi ping pindho nganti bilur. Tangane Mardi diperet dijak metu dening Pak | Joga, karo dijak mulih. Pak Joga ora seneng yen anake seneng ngeceh- eceh dhuwit. Nadyan dhuwit iku kasile kringet dhewe.

“Ayo bali, awas yen tetep ana kene!”

Mardi manut dikandhani wong tuwane. Tekan ngomah banjur || dicritani sing akeh-akeh dening bapakne. Kena apa ora entuk main toh: | tohan. Kepeksa Pak Joga ninggal gaweyane garapan kasur sing sejatine mengko sore kudu rampung, lan dijupuk sing mburuhake.

74 [ 75 ]“Di, Mardi anakku, ndaksawang kowe iku bocah sing lantip. Yen aku ndeleng rapor sekolahmu, kowe iku ora bodho. Bokmu, aku, lan sedulur-sedulurmu kabeh ora padha lulus sekolahe. Tinimbang dhuwit mung kokabul-abul nggo main, luwih becik kokcelengi. Utawa kena kanggo tambah tuku buku rak luwih becik. Bener iku dhuwit-dhuwitmu dhewe olehe ngeterake tamu ana Sumurgumuling.”

“Inggih Pak, kula kapok estu, Pak.”

“Arep dadi apa yen kowe seneng main, cilik-cilik seneng keplek, suk rak dadi maling, titenana kandhaku.”

Pak Joga miwiti ndongeng pengalamane dhek enom marang Mardi. 5 “Bahmu biyen wong kajen keringan. Sedulure bapakmu lima cacahe. Sing loro klebu abdi dalem tebah, utawa dijenengi paranyai. Adhine bapakmu isih loro, siji wadon sijine lanang. Bapakmu biyen nyambutgawe ing sepur SJS, jurusan Semarang-Juwana-Sala. Bapakmu wong sing seneng micara, lan uga sok disambati sedulur dikon wong nglamarake yen arep padha dadi manten. Bahmu isih diajeni ing wong marga uripe pancen cukup, ora kaya bapakmu saiki. Ngertine wong- wong Pak Kasur sing nyengingis."

Napa Bapak riyin kawon main, kok dadi mlarat?”

“Hus..., rungokke dhisik aja dipedhot critane bapakmu!”

Pak Joga nerusake critane maneh, karo klepas-klepus nyelakke udut thingwe mbako kedhu. Mau ora kober udut, wong garap kasur.

Nuju dina malem Rebo Wage, bapakmu dikongkon sedulur perlu nakokake calon panganten, menyang Kalibayem. Sandhangane bapakmu mbengkres, sarwa macak. Cara kejawen. Nganggo kalung karset, ing sak klambi surjan njero ana bandhul (jam bandhul), nganggo ali-ali komplit. Kabeh sarwa emas.

“Bapak sugih nggih riyin?” Mardi nyela maneh.

“Ora Le..., bapakmu ora sugih, mung bapakmu iku dipercaya ing wong, dadi sapa-sapa sing disilihi mesthi entuk, ora merga mbahmu barang...”

Mardi ngrungokake anggone crita bapakne maneh. Bilur-bilur sing kena pecut dening bapakne wis suda larane.

Panglamare wis ditampa, lan rombongan tamu banjur padha

yi) [ 76 ]rerasan. Mesthi wae wong-wong iku noleh bebarengan. Bareng weruh sing padha boncengan sepedha motor iku “bapak” lan “ibu”, sakala wong- wong iku angkuh. “Masya Allah,kaya manten anyar wae.” “Byuh, “ibu” olehe gandhulan kepenge “bapak” nganti kaya kelet.” h “Ayake kuwatir yen bapak tiba ing dalan iki.” “Tya. Nek nganti tiba, ndak ditemu Ernawati, sida rampungan.”

76